Bawang Kothong
Bawang Kothong iku kanggo ngarani bocah sing sakjane ora ngerti apa – apa nanging dikatutke ning dolanan kanggo nggenepi . Lha ya karang ora ngerti apa – apa, yen mlayu melu mlayu, yen dadi melu dadi lan sapitirute. Pokok-e melu- melu..!!
Zaman saiki, mbuh ning instansi negara utawa swasta ana akeh bawang kothong pating slebar. Biasane dilebokke dadi pegawai karo sing nduwe kuwasa (bendarane), mbuh kuwi anake, sanak kadhang opo ingon – ingonan. Sing marahi bubrah, kadhang si bendara sok meksa nglebokne senajan ngerti yen sakjane pegawaine wis genep. Yen perlu, yo diseselke. Amarga nduwe trah karo sing nduwe kuwasa ning instansi, “ bawang – bawang kothong “ iki nduwe karir cepet, nglenggahi jabatan sing sakjane utek lan pengalamane durung nyandhak. Panjenengan bayangke kemawon, wong sing sakjane ora ngerti apa – apa nanging didhapuk dadi manager, yen ora malah direktur. Yen kaya ngene, kepriye negara ora bubrah jal?
Bawang Kosong adalah sebutan buat anak yang sebenarnya ngga tau apa – apa tapi diikutkan dalam sebuah permainan untuk menyeimbangkan jumlah orang. Tapi karena ngga tau apa – apa, ya kalo lari ikut lari, kalo jadi ya ikut jadi. Pokoknya ikut – ikutan..!!
Zaman sekarang, entah itu di instansi negara maupun swasta, ada banyak bawang kosong bertebaran. Biasanya dimasukkan jadi pegawai oleh yang punya kekuasaan ( Bos ), entah itu anaknya, sanak saudara atau piaraan. Yang bikin bubrah, kadang – kadang Bos memaksa masukin itu orang meski dia tahu kalo sebenarnya jumlah pegawai udah pas. Karena masih punya hubungan dengan sang pimpinan, bawang kosong ini banyak yang melesat karirnya, menduduki jabatan yang sebenarnya jauh dari kapasitasnya. Anda bayangkan saja, orang yang sebenarnya incapable tapi jadi manager, atau malah direktur. Kalo begini, gimana negara ngga hancur ya?