Kelingan rikala jaman cilik, lha yo amarga urip ning ndeso. Pendhak mbengi yen pas malem prei, bócah – bócah padha metu saka ngómah, dólanan bebarengan ning pelataran. Ibu-ibune padha ngawasi karó ngobrol…. Biasane yo ora adoh – adoh karó nggosip.
Dólanan jaman mbiyen iku ora metu ragat lan kanthi dilakoni bebaréngan, kayata : Jethungan, gobak sodhor, ingkling, kasti, lan sapanunggalane.
Isih akeh dólanan liyane sing dilakoni bébaréngan, ngajari awake dhewe gotong royong, tépo sliro lan tetulung kancan. Awake dhewe dadi apal lhó polah karó kapribadhene kanca – kanca. Sapa sing gembeng, sing nakal, sing urikan, nanging malah nggawe paséduluran iku saya rumaket.
Lha, yen weruh dolanan bocah bocah jaman saiki. Ning njeró kamar, kekancan karó mesin, kayata PlayStation, Nintendó, XBOX, Tivi opo komputer. Kanca dólane robot kabeh! Wis ragate akeh amarga regane larang, tur nggawe ora sesrawungan karó tangga teparó. Dólanan sing canggih tur larang iku mung ngasah uték thok, nanging óra ngasah ati nurani to? Sing nggegirisi maneh, iki dólanan anak nanging koq isine pénthung-pénthungan, gebuk – gebukan, bacok-bacokan, tembak-tembakan, kébut-kébutan lan banting-bantingan. Rasane marem tenan weruh mungsuh pating nglangsar, rai bonyok lan adus getih. Mbok menawa lare saiki luwih akrab karó sing jenenge Lara Croft, Jin Kazama, John Cenna tinimbang kancane sebelah omah.
Aku kuwatir yen 5-10 taun méneh, rasa kamanungsan lare saiki wis ilang, diganti rasa ‘karobotan.’ Lha wong dolanane karó robot, sing mung ngandelke kapinteran ning ora nduwe perasaan!
Ingat jaman kecil dulu, ya karena hidup di desa. Tiap malem kalo pas malem libur, anak – anak padha keluar rumah, bermain bersama di halaman. Ibu – ibunya mengawasi sambil ngobrol…biasanya sih ngga jauh dari ngegossip.
Permainan zaman dulu itu ngga perlu keluar biaya dan selalu dilakukan bersama – sama, seperti ; Petak Umpet, Gobak Sodhor, Ingkling ( apa sih bahasa Indonesianya? ), main bola kasti dan lain sebagainya.
Masih banyak permainan lainnya yang dimainkan bersama – sama, mengajarkan kita semua rasa gotong royong, tepa selira, dan saling tolong menolong. ( Kalo bahasa kerennya Team work kali yaa..). Karena bergaul bersama, kita jadi hapal lho tingkah dan kepribadian teman – teman. Siapa yang cengeng, yang nakal, yang suka curang, tapi justru bikin persaudaraan kian erat.
Lha kalo liat permainan anak sekarang. Di dalam kamar, berteman dengan mesin, kayak PlayStation, Nintendo, XBOX, TV atau PC. Temen mainnya robot semua! Udah biayanya besar karena harganya mahal, lagipula bikin ngga gaul ama tetangga. Permainan yang canggih dan mahal itu khan cuma mengasah otak aja, tapi ngga mengasah hati nurani khan? Yang bikin miris lagi, Ini permainan anak tapi koq isinya main pukul, main gebuk, main tembak, main kebut dan main banting. Rasanya puas banget liat musuh terkapar, wajah hancur dan mandi darah. Barangkali anak sekarang lebih akrab dengan yang namanya Lara Croft, Jin Kazama, John Cenna daripada temen sebaya di sebelah rumah.
Saya khawatir kalo 5-10 taun lagi, rasa kemanusiaan anak sekarang udah ilang, diganti rasa perikerobotan. Lha mainnya ama robot, yang cuma mengandalkan inteligensia tapi ngga punya perasaan !
* Revisi dari Blog yang dulu