Blog EntryGugon TuhonApr 21, '08 9:02 PM
for everyone

Gugon Tuhon iku pitutur kanggo ngandhani sing ora ilok. Biasane kanggo ngandhani bocah migunaake basa sing gampang dingerteni.

Tuladha :

Aja ngaglah, lingguh ana ing lawang : amarga mesthi ngalangi dalan wong sing mlebu metu

Aja mangan karo ngadeg, mengko wetenge dawa : amarga mangan karo ngadeg iku ora sopan.

Aja lungguhi bantal, mengko ndhak wudunen : amarga bantal iku kanggo sirah, dudu "sonyol"

Ora ilok weweh dijaluk maneh, mengko gulune gondhoken : Yen weweh utawa ngenehi iku kudu ikhlas lair batin, aja ngarep arep genten diwenehi

Mangane dientekno, mengko ndhak pitike mati : Yen mangan yo kudu nganti entek kanggo wujud rasa syukur dhumateng Sing Kuwasa.

Ora ilok wanita lungguh jegang : amarga saru dideleng..mengko ndhak mung nyenengke dagadu dab..!!

 

*************************************************************************************************

 

Gugon Tuhon itu adalah ujar - ujar untuk menyatakan hal yang nggak pantas. Biasanya untuk menasehati anak - anak, menggunakan bahasa yang mudah dipahami.

Contoh :

Jangan duduk didepan pintu : karena pasti menghalangi orang yang mau lewat keluar masuk

Jangan makan sambil berdiri, nanti perutnya jadi panjang : karena makan sambil berdiri itu nggak sopan

Jangan menduduki bantal, nanti jadi bisulan : Karena bantal itu sepantasnya buat kepala, bukan pantat.

Kalo memberi jangan diminta kembali, nanti lehernya sakit gondok : karena yang namanya memberi itu harus ikhlas lahir batin, jangan mengharapkan imbalan

Makanlah sampai habis, nanti ayamnya bisa mati : Kalo makan ya harus dihabiskan sebagai wujud syukur kepada Yang maha Kuasa.

Ngga pantas wanita duduk melipat kaki : karena ngga pantas dilihat.. kalo ngga malah bikin seneng mata lelaki !!

 

 

 

 


nggambleh wrote on Apr 22
Yen wong tuwane isih genep, aja sok kudhung tangan, ndhak wong tuwane gelis mati ........ ?
kangduljoni wrote on Apr 22
Yen wong tuwane isih genep, aja sok kudhung tangan, ndhak wong tuwane gelis mati ........ ?
Whalah.. embuh kang.. koq malah medeni ya..
nggambleh wrote on Apr 23
Aku ngono ya diomongi ngono karo wong tuwaku ......... kewedenne nyampek saiki .... hehehehehe
Add a Comment
   
© 2008 Multiply, Inc.    About · Blog · Terms · Privacy · Corp Info · Contact Us · Help