“Lha kulo menika mboten saged boso kromo inggil jee... Pripun nggih anggene mangsuli serat ......”
“Duh, boso kulo pun kewolak walik...”
“boso jawi kulo mboten sae-sae sanget,….”
“mboten maksudipun badhe kasar namung mboten saged saestu punika (see,.. so amburadul rite?)”
” matur tengkyu nggih mas,....”
Kuwi mau petikan saka walesan imel wong-wong Jawa sing takjaluk seseratan nganggò basa Jawa. Yen dipikir-pikir wagu ora to, iki wong Jawa ning koq padha ora gelem ngomong Jawa? Nek bebasane karó wong liyane Jawa utawa wong landa, yo aku mudheng wae.. lha nek padha - padha wong Jawa? Alasane iki sing macem-macem, ana sing wis kagok-lah, ketoke lucu-lah, aneh-lah ( lha sing aneh yo sampeyan niku, wong Jawa koq krasa aneh ngomong Jawa, pripun to?). Mbok menawa ya akeh sing isin lan gengsi, gara – gara ngomong Jawa trus diparapi ndesooo.
Sakjane aku prihatin lhó weruh kahanan iki. Rumangsaku saya suwe tansah saya sithik wae wong – wong Jawa, utamane wong enom, sing gelem nguri – uri kabudhayane dhewe. Lha piye kabudhayan Jowo arep langgeng jal? Mengkó yen ndilalah diaku lan dipatenké negara liyo, kapokmu kapan?
"Lha saya ini ngga bisa basa krama inggil je, gimana ya cara menjawab surat..."
" Duh, bahasa saya udah kebalik - balik..."
" Bahasa Jawa saya ngga bagus - bagus amat,..."
" Bukan maksudnya mau kasar hanya ngga bisa beneran itu ( see amburadul rite?).."
" matur tengkyu nggih mas..."
Itu tadi petikan dari balesan imel orang - orang Jawa yang saya minta bersuratan menggunakan bahasa Jawa. kalo dipikir - pikir aneh ngga sih, ini orang Jawa tapi koq ngga mau berbahasa Jawa. kalo berbicara dengan orang selain jawa atau orang asing ya aku maklum aja, tapi ini sesama orang jawa? Alasannya ini yang macam - macam, ada yang udah kagok-lah, yang keliatan lucu-lah, aneh-lah ( Lha yang aneh itu ya anda,orang Jawa koq merasa aneh berbahasa Jawa, gimana sih? ). Barangkali juga banyak yang merasa malu dan gengsi, gara - gara ngomong Jawa trus dibilang kampungaaan.
Sebenarnya aku prihatin melihat kondisi ini. Perasaanku makin lama makin sedikit aja orang Jawa, terutama kaum muda, yang mau memelihara kebudayaannya sendiri. Lha gimana kebudayaan jawa bisa lestari, coba? Nanti kalo tiba - tiba diklaim dan dipatenkan negara lain, kapokmu kapan?
* Revisi dari blog terdahulu